Bismillahirahmanirrohim Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta saraya saking calon saha badhe/ calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang sutuhu bagya mulya. Kaparenga kulo mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sedaya karana kula piniji panjenenganipun Bp..................sekalihan, kinenngaturaken pambagyaharja raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.
Pinangka purwakaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih milasa miwah barokah ingkang rumentah dumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saget kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan lebih ing sambekala.
para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pepanggihan punika Bp................sekalihan lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindahan, mugi keparenga panjenenganipun para lenggah sesuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning penggalih.
Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kulo aturaken ndyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika . Nun inggih ing nguni panjenenganipun Bp................... sekalihan garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan panjenenganipun Bp.................. sekalihan, karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bp...................sekalihan garwa kagungan putra ingkang kekasih Bg.............//////panjenenganipun Bp................. sekalihan anggadahi siwi putri taruni kanthi sesilih Rr............. manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken adat inggih awit saking samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe kaleksanan tata upacara pasrah panampining uparti winastan lamaran saha walimahan.
Mugi-mugi lekasing wekasing sedya saget kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bp..................... sekalihan mugi wontena jumuruning pamuji hastuti saking para lenggah sadaya hanggenya Bp..................... sekalihan badhe nampi pasrahipun calon kadang besan tansah manggih basuki ing salwiring seh.
Hambok bilih Bp................sekalihan sumarambah para kulawangsa anggenipun nampi karawuhan panjenengan sedaya kiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet hang-lenggana budi dayadhiri saha mboten hanuju prana lebat kiranging seserepan kula ing reh suba sita, basa tuwinsastra, mugi di agung pangeksama panjenengan sadaya wekdhal kula aturaken kadang pranatacara.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

No comments:
Post a Comment